Monday, August 28, 2017

August 28, 2017




Hey pembaca setia blog buntell kali ini saya akan menceritakan kejadian yang dialami oleh teman saya.. tapi kali ini akan menggunakan bahasa jawa/tegal.. kalian siap? sebelumnya siapkan tissue untuk muntah ya hahaha

Mari kita mulai ceritanya..
Pas kui neng sekolahanku ana julukan meneng - meneng kapicirit (diam - diam eek dicelana), nah awal mulane keh seka koncoku.. 
nek ra salah pas sedurunge upacara kui, bocahe arane wiji kui lanang yo dudu wadon ..
nek koen ndeleng raine lan awake behh sangar tenan koyo preman pasar, nah esuk" ki wiji bolak-balik kamar mandi sedurunge upacara wis ping 10 luwih tapi sok"an ora gelem balik. koncoku ngmng
Dendy :  Weh koen mending balik, timbang ngising neng sekolah terus ora cewok haha
Wiji : Ora, kalem bae aman wis mampet
Enyong: Seriusan? koen aja sok-sokan engko mambu kabeh selapangan haha
Wiji :  tak jamin 100% aman wis mampet (karo ekspresi sing lemes lan nyekeli weteng bae)
Dendy: Yawis dong kaya kuwe..

Nah gregete keh mulai muncul pas bel upacara mulai, toootettotttotototot..
nah pas lagi baris adem ayem tiba" keh wiji barisan paling ngarep goyang" behh dong koen deleng keh kaya pedangdut sing sexy nemen sapa arane? zaskia pitik ya?..
nah terus kancaku wadon ngandani..
Rina: weh ji aja goyang" kaya lagi oplosan engko pada goyang haha
Wiji : (esih bae goyang" ora peduli)
Dendy : Weh bocah..(dijitak *tokkk)
nahh pas dijitak kuwe ana monii crettttt huhahahahha
bocah" langsung pada weh moni apa kuee..tapi langsung meneng gara" diganyami guru.

sawise upacara langsung manjing kelas tapi sing dadi heran wiji ki ra gelem jujur deweke ngising neng katok.
(Guru manjing kelas)
Bu Noni: Selamat Pagi Anak-Anak
Bocah Kelas: Pagi Bu!!!
Bu Noni: Wiji bisane koen jaggong neng pojokan?
Wiji: Gpp bu enak neng pojokan
Bu Noni: Yawis aja melongo ya..

nah momen kie sing paling ngeri.. wiji keh meneng bae sing biasane rame,ngusili bocah kie bisa meneng nemen.
bocah" laka sing sadar tapi enyong karo dendy paham bahwa wiji keh lagi mules..

lagi serius-serius ngrungukna bu noni.. ana mambu aroma panggilan alam sing dahsyatnya tak terduga.
Siti: weh ana sing ngentut keh.. bacinn  
Bocah- bocah kelas: wahh iyaa keh ngaku beleh (cekelan irung kabeh)
Dendy: A*u hahaha sapa kie? mambune kaya endok kuwuk ya tulung..
sing liane lagi pada heboh wiji keh malah tutupan rai karo ngeden"..

terus ana moni croot cretttt.. langsung pada ngasaki
Bocah-Bocah Kelas: hahahah koen ngising ji? preman ngising neng katok?
wijine esih meneng bae..

nah awal mulane keh laka julukan sampe akhire kancaku seno ngomong..
Seno: meneng - meneng kapicirit ya hahahaha
Wiji: Langsung memburi terus ngising gawa aroma sedapnya panggilan alam haha..

kielah awal mula kisah meneng-meneng kapicirit neng sekolahane aku

*nama-nama bocahe tak samarna ben ora isin hahaha

0 comments:

Post a Comment